Senin, 12 Maret 2012
baagongg
tak etung ketemune buntung
tak gagas ketemune mranggas
kabeh ukara tundhone sulaya
kebak lugut eri lan wisa
uteg bundhet ora sudi mumet
jlimet milang dina golek pawadan
dimen gegayuhan tinemu gampang
kabeh kang rinonce bisa kasedyan
sanajan kudu adus luh lan kringet
uteg bundhet wis entek mangsane
jumangkah mantep nrabas pepalang
ngudi sangu ngecaki umur
tekan mangsane mungkasi wengi
gumanti esuk kang edi sinulam kembang wangi
nyawang jagad sumeblak
tanpa pedhut mega putih memplak
Langganan:
Postingan (Atom)