Senin, 12 Maret 2012

baagongg

tak etung ketemune buntung tak gagas ketemune mranggas kabeh ukara tundhone sulaya kebak lugut eri lan wisa uteg bundhet ora sudi mumet jlimet milang dina golek pawadan dimen gegayuhan tinemu gampang kabeh kang rinonce bisa kasedyan sanajan kudu adus luh lan kringet uteg bundhet wis entek mangsane jumangkah mantep nrabas pepalang ngudi sangu ngecaki umur tekan mangsane mungkasi wengi gumanti esuk kang edi sinulam kembang wangi nyawang jagad sumeblak tanpa pedhut mega putih memplak

Tidak ada komentar:

Posting Komentar